Jumat, 24 April 2015

Piwulang Urip

Crito Cekak 

            Narimo mesam mesem sajak seneng atine. Ora maido, sedhelo meneh bakdho  qurban.  Sasi sing  tansah diarep-arep, sakliyane sasi poso. Narimo pancen bunggah amargo wedhuse sing cacah pitu wes lemu-lemu tur awake sehat.  Sapine cacah loro yo wis cukup umur. Kabeh wedhuse wes poel, tanpo cacat tur awake ginuk-ginuk. Ora maido, wong saben ndinone diculake neng kebon sing sukete dhuwur, ijo tur subur. Narimo pancen sregep, kanggo wedhuse direwangi nandur suket neng kebon tur ajeg nyirami amargo kethigone pancen dhowo ora ono udan.
            Karo nyawang wedhuse sing podho nggayemi suket, Narimo mbayangke bakalan nyekel duwit sing akeh cacahe. Menowo wedhus siji diregani  sejutapitungatus seket, wedhus limo cacahe bakalan payu wolungyuto pitungatus seket. Durung menowo sapine yo payu.  Duwit sing akeh banget cacahe tumrap Narimo sing rung tau nyekel duit akeh. Narimo pancen wes duweni rencana ameh ngedhol wedhus lanang sing cacahe limo. Wedhus wadhone loro bakalan di openi maneh, kanggo jagan bodho qurban tahun ngarep.
            “Mo..Mo….Narimo….le..?” Mboke Narimo  cincing jarit  marani anake lanang sing lagi mesam-mesem nyawang wedhus sing isih mangan suket. “Bocah kok di celuk ora nyauri. Mo….”
            Narimo njondel. Kaget krugu suworo  mboke sing banter. Mripate nyawang mboke sing isih cincing jarit karo plerak pleruk sajak muntap.
            “Kowe ki ngopo? Koyo wong ra ngenep. Mesam mesem dhewekan karo nyawang wedhus. “  simbok  mentheleng weruh anake lanang ora ngrewes babarblas.
            PLAK…!
            “Aduh! Simbok ki ngopo tho. Salahku ki opo kok di sabet,” Narimo ora trimo, arep nesu ning ora sido mergo weruh mboke isih ngowo kayu ceklekan uwit munggur sing dowone sak lengen bocah. Tangane ngelus-ngelus  pupune sing semburat abang mergo disabet kayu garing.
            “Salahku opo? Lha bocah kok ra ngenah. Diceluki wong tuwo kok ra ngrewes. Kowe ki ngopo nguya nguyu koyo bocah kenthir?”
            Narimo mesem,” Woalah mbok. Aku ki jek nyawang wedhus-wedhusku  kui lho. Kok sajak enak temen mangene. Coba simbok gatekke. Wedhusku  lemu-lemu tur sehat. Bakalan dadi duwit gedhe kui mbok.” Wangsulane Narimo karo ngematake wedhuse sing saiki wiwit podho turon amargo kewaregan.
            “Wis, rasah kakean caturan. Kono simbok dijupukke kayu . Simbok arep olah-olah, kayune ra cukup.”
            “Sedhelo meneh wae yo mbok. Aku sik ngematke wedhus ki lho,”
            “Lha kowe nek isoh nahan luwe yo rapopo. Rasah dijupukke kayu.”Wangsulane simbok  banter karo klepat, menyat. Simbok mangkel tenan amargo ora digagas.
            “Yo..yo, mbok. Tak jupukke.” Narimo mlaku karo mecucu. Wedi menowo mboke tambah nesu. Ciloko. Iso  ora bakalan mangan sore.
*
            “Pripun pak Kaji?”
            “Ngaten  Yu Parti. Kulo mriki amargi badhe wonten perlu. Tahun meniko ingkang badhe daftar kurban naming wonten lembu, tur ming setunggal mawon. Lha meniko malah tasih kirang tiyang setunggal. Amargi nembe pikanthuk tiyang enem. Mendho nggih mboten wonten. Kulo mireng Narimo kaliyan panjenengan  badhe dherek kurban. Menawi saestu, ngapunten menawi saged mbok dherek urunan kurban lembu kemawon. Kersanipun genep tiyang pitu.”
            Yu Parti nyawang pak Kaji Iral kanthi kebak pitakon. Dhewekan jan-jane orapatiyo mudheng sing dikarepke tamune.  Ngerti pak kaji ora rumongso nek sing duwe omah binggung, simbok nyawang Narimo. Dhelalah pas Narimo ya lagi nyawang simbok kanthi kebak pitakonan. 
            “Nggih pun, yu. Kulo tak pamit riyin. Mangke menawi pun wonten keputusan, panjenengan kabari mawon njih. Ten Nanang, ketua panitiane  ngih saged.” Simbok karo Narimo nguntapke kondure Kaji Iral tekan teras.
            “Asem tenan ki. Aku di kerjai  Afin  karo  Hafid. Awas nek mengko ketemu, sido tak mamah-mamah  gundule,” Narimo katon getem-getem, anyel. Dheweke kelingan telung dino kepungkur jagongan karo Afin lan Hafid. Kawit SD Narimo pancen konco kenthel karo Afin lan Hafid. Sedino-dino senengane dolan bareng. Nganti  tamat SMA cah telu iku isih kerep dolan bareng.  Pas lagi gojekan kae, Afin cen nyindir Narimo dadi jurangan wedhus ning kok pelit, ora gelem melu kurban.  Dhelalahe si Hafid yo melu nambahi omongane Afin. Narimo pancen kembrongot atine, trus sesumbar nek arep kurban. “Asem tenan ki. Aku dudu wong cethil yo cah. Titenono mbesuk aku arep kurban. Ben kowe melek mripatmu, ora nuduh aku uthil.” Omongane Narimo karo mencak-mencak. Afin, Hafid ora nesu malah nguyu lakak-lakak sajak ora percoyo karo nguneme Narimo.
            “Kowe ameh kurban tho, le? Kok ra ngomong karo simbok?”
            “Iki pokale cah-cah gendheng kae kok, mbok,” wangsulane Narimo  banter karo ngemu nesu.
            “Lho, nek iyo yo rapopo. Simbok malah seneng. Kit mbiyen simbok wis ngakon awakmu melu kurban. Wong yo sapi karo wedhusmu kui akeh tur yo apik-apik. Mbok ora didodol kabeh. Siji wae nggo kurban,” ngono pratelane simbok nguliahi anake lanang sing uthil. Senajan ingon-ingone akeh, nanging Narimo ora gampang waweh. Itungane memet tenan. Wis makaping-kaping simbok ngakon anake melu kurban, nanging Narimo ora ngrewes.
            “Simbok ki ono-ono wae. Wong wedhusku durung akeh kok kon kurban. Sih akeh wong sugih. Kae  lho mbok. Jurangan Sastro sawahe pirang-pirang hektar. Ra gelem melu kurban. Cethil tenan,” saurane Narimo karo ngemreneng.
            “Lha wong uthil mbethithil kok mbok contoni. Wong ra umume ngono kok. Rasah tiru-tiru. Nek kowe meh kurban, yo kurban wae. Nek ra gelem yo uwis, rasah kakean alesan. Dasar  cah uthil!” simbok muni-muni karo mecucu. Ora kurang-kurang lehe mbujuk Narimo.
            “Yoben,” saurane Narimo lirih, wedhi menowo simbok krugu.
*
            Seminggu meneh idhul kurban. Wis akeh sing dho moro meyang omahe Narimo kanggo ngenyang wedhuse. Durung ono sing kedaden, mergo Narimo masang rego sing luwih dhuwur soko rego pasaran. Narimo nyakin menowo wedhuse bakal payu, paling ora mengko  menowo  bodhone kurang telung dino. Saben dino Narimo tansah ngelus-ngelus wedhuse karo dijak guneman koyo ngomong karo kancane wae. Simbok nganti sepet weruh anake lanang.
                                                                         *
            “Mbok…simbok….mbok….”
            Tratap. Simbok gage-gage metu meyang mburi marani Narimo.
            “Ya Alloh, kowe ngopo, le,” ujare simbok kaget weruh Narimo gulung koming karo tuding-tuding kandhang wedhus sing kosong mlompong.  Raine pucet koyo ora ono gethihe. Awake gemeter.
            Simbok thenger-thenger  mudheng kenopo Narimo koyo wong edan. Kandhange wedhus kosong, ora ono isine babar blas. Kamongko mau bengi isih krugu suwarane wedhus gembrak gembrek.
            “Wedhusku mbok..wedhus….” suarane Narimo ilang amargo ketutup tangise sing gero-gero.
            “Mulo tho le…” simbok ora tekan nerusake guneman. Rasane ora tego weruh Narimo katon gelo.
Esuk iku omahe simbok dadi layatan. Tonggo teparo podho teko ngayem-anyemi Narimo supoyo  ikhlas lan sabar.
            Simbok  treyuh nyawang Narimo. Mugo-mugo Narimo biso sinau karo musibah sing diadhepi. ***
           
(Cerpen ini dimuat Harian Solopos, 9 Oktober 2014)

Tidak ada komentar: